s-704
| Dene gelenter tegese sumebar. |
s-705
| Bandha brana kang dadi golekane manungsa sejatine sumebar ing ngendi-endi. |
s-706
| Ananging, manawa digatekake, kebak rasa lan makna kang jero. |
s-707
| Sunan Giri banjur ngripta tembang Cublak-cublak Suweng kang wusanane dadi tembang dolanan kanggo ngiring dolanan tradhisional bocah. |
s-708
| Kena ngapa Simbah kok tega lunga ninggalake aku? |
s-709
| “Regane laptop wae aku ora weruh, Mbah.“ |
s-710
| Eling-eling sedulur-sedulurku nora dibandhani kaya aku nalika sekolah. |
s-711
| Simbah kok bali mrepegi aku ana kene. |
s-712
| Nanging ya kuwi, Simbah bacut kapundhut sowan Gusti nalikane aku isih kaya mangkene. |
s-713
| Sanajan kebak bandha, nanging bandha brana kuwi ora bisa nentremake ati lan uripe . |
s-714
| “Iki piye Mas, Simbah kaya ngene gek nora paring wangsulan apa-apa?” |
s-715
| Pitakonku , banjur kakangku amung gedheg-gedheg sajake bingung. |
s-716
| Rikala semana, bab beksan Krido Warok diputusi saka sarujuke para seniman ing Ponorogo. |
s-717
| Sakbaliku, ora watara suwe omahku wus kebak rame lan padha nata kursi. |
s-718
| Wektu iku kang nandhang gerah yaiku simbah kakung, ibu, lan kakangku . |
s-719
| 'Bisa nguwatake piwulang budaya bangsa,” ujare Freddy Widya Ariesta ing jurnal-e kang dimot ing laman resmi Binus University Jakarta. |
s-720
| “Arep digawa menyang Rumah Sakit gek kahanane ngene iki kabeh.“ |
s-721
| Wabah Covid-19 ing taun 2021 kaya dene pageblug kang saknyatane. |
s-722
| Sakklebatan, kaya weruh gegambaraning pawongan kang nora pangling maneh. |
s-723
| Saliyane, kuwi isih ana sing apik maneh. |
s-724
| Tujuwan beksan Krido Warok diripta jalaran durung ana jinising beksan kang nggambarake blegere warok. |
s-725
| Cublak-cublak Suweng iku dolanan tradhisional kang kerep dinggo dolanan saperangan bocah wadon cacah telu utawa luwih. |
s-726
| Amung Simbah Kakung kang nyumurupi banjur nggugah kakangku . |
s-727
| Nalika kumandhanging khutbah Jemuwah, sarta kawimbuh sumiliring hawa kang ngayemake ati ana sajroning mesjid. |
s-728
| Ora mung cakepan, musike uga dicampur karo gamelan. |
s-729
| Dadi isa dibayangke piye apike , jejogedan musik rock sambi ngrungokne fragmen gamelan. |
s-730
| Kudu bisa nglembah manah, ora nyepelekake wong liya, sarta bisa tanggap lan trep karo swara atine . |
s-731
| Jeneng bathik Wonogiren sansaya kondhang sawuse digiyarake Bu Tien Soeharto, garwane Presiden Soeharto kang asline uga saka Wonogiri. |
s-732
| Bathik iku budaya asli Indonesia kang wus diakoni donya. |
s-733
| Bathik Indonesia uga wus ditetepake dening Unesco minangka warisan kabudayan asli Indonesia. |
s-734
| Telung kutha kang kondhang gawe bathik yaiku Pekalongan, Solo, lan Jogja. |
s-735
| Nanging manawa gelem nggoleki, bathik uga bisa ditemokake ing saperangan dhaerah ing Jawa Tengah. |
s-736
| Salah sijine dhaerah sing gawe bathik yaiku Kecamatan Tirtomoyo, Kabupaten Wonogiri. |
s-737
| Dhaerah kang gawe bathik Wonogiren ing Kecamatan Tirtomoyo iku sumebar ing limang desa yaiku Desa Tirtomoyo, Dlepih, Banyakprodo, Bedingin, lan Ngargoyoso. |
s-738
| Bathik Wonogiren tradhisi Tirtomoyo isih ana sesambungane karo bathik keraton kang ana ing Solo. |
s-739
| Bathik Wonogiren ing Tirtomoyo iku bathik Wonogiren asli. |
s-740
| Kanjeng Wonogiren mulang seni bathik marang warga Tirtomoyo taun 1910-an. |
s-741
| Kanjeng Wonogiren uga ngajari tata cara mbathik saka pawitan nganti babaran. |
s-742
| Bu Tien Soeharto nyandhang busana bathik Wonogiren saben dina. |
s-743
| Mula bathik Wonogiren banjur dadi salah siji bathik kang disenengi masarakat. |
s-744
| Bathik Wonogiren mligine ana remukan jroning gambare . |
s-745
| Remukan ing bathik Wonogiren kuwi nganti saiki tetep dijaga lan ndadekake bathik Wonogiren mirunggan. |
s-746
| Bathik Wonogiren tradhisi Tirtomoyo meh padha karo bathik ing Pura Mangkunegaran, utamane gambare . |
s-747
| Sing mbedakake, carane gawe. |
s-748
| Wiwit mbiyen, bathik Wonogiren tradhisi Tirtomoyo ngandhut gambar-gambar tradhisi. |
s-749
| Warga kang ngrembakake payung bathik kuwi, yaiku Sularto, 42, utawa sing diparabi Jeprik. |
s-750
| Kanggo ngoyak pesenan payung bathik, Jeprik nganti ngingu pegawe 40 wong. |
s-751
| Enem wong gawe payung bathik ing omahe Jeprik. |
s-752
| Dene liyane nggarap saka omahe dhewe-dhewe. |
s-753
| Sesasi wingi, Jeprik entuk pesenan nganti 1.000 payung bathik. |
s-754
| Ora beda karo bathik tulis umume, carane mbathik payung uga nggunakake canthing. |
s-755
| Mung wae, warna sing digunakake yaiku cet. |
s-756
| Maneka warna gambar bathik dioleske ing payung, wiwit saka gambar bathik klasik nganti kontemporer. |
s-757
| Aku mung nuruti panjalukane sing pesen. |
s-758
| Saiki lagi padha gandrung gambar bathik kanthi warna sing ngejreng kaya [gambar] tiga negeri. |
s-759
| Tukang bathik, Wiji Lestari, 46, ngakoni mbathik payung luwih angel tinimbang mbathik kain. |
s-760
| “Upamane nganti kleru, ngilangine repot lan angel.“ |
s-761
| Mula nalika mbathik payung, aja nganti gambare kleru,” piterange . |
s-762
| Ki Ageng Gribig mulang agama Islam ing dhaerah Jatinom, Klaten. |
s-763
| Miturut critane , mula bukane tradhisi Ya Qowiyu nalika Ki Ageng Gribig kondur saka nindakake ibadah kaji. |
s-764
| Jeneng panganan kuwi asale saka tembung affun kang ateges pangapuran. |
s-765
| Satekane Jatinom, Ki Ageng Gribig banjur ngedum oleh-oleh arupa panganan marang para santrine . |
s-766
| Tradhisi Ya Qowiyu kang kebak piwulang iku banjur diuri-uri dening para santri lan ngrembaka nganti saiki. |
s-767
| Saben taun, ewunan nganti atusan ewu wong padha njujug tlatah Jatinom saprelu melu ngregengake tradhisi Ya Qowiyu. |
s-768
| Dene taun iki, adicara nyebar apem Ya Qawiyu bakal dileksanakake ing Lapangan Klampeyan, Jatinom, Klaten, Jumat (16/9/2022) awan utawa sabubare Salat Jumat. |
s-769
| Sasuwene ana Covid-19 rong taun kepungkur, tradhisi sebar apem Ya Qowiyu sawetara dileksanakake tanpa ana uyuk-uyukan rebutan apem. |
s-770
| Taun iki, satengahing sasi September mengko, sebar apem bakal diadani maneh kaya adate . |
s-771
| Apem bakal disebar saka ndhuwur panggung sarta menara ing Lapangan Klampeyan. |
s-772
| Sebaran apem iki dileksanakake maneh amarga Covid-19 wis rada mendha, sisan kanggo ngelingi Ki Ageng Gribig. |
s-773
| Insyaallah bakal diadani maneh [sebaran apem]. |
s-774
| Iki dudu ngimpi. |
s-775
| Iki pancen kasunyatan sing kudu dak adhepi, sanajan pait rasane . |
s-776
| Ana sing ngundang aku. |
s-777
| Anggonku mlaku ana ing koridor kelas iki banjur mandheg. |
s-778
| Dumadakan wae ati tratapan, samsaya cedhak, samsaya ra karuwan rasa ing njero dhadha. |
s-779
| Lintang, bocah wadon sing celuk-celuk jenengku mau. |
s-780
| Dak akoni, wis suwe aku nyimpen rasa iki. |
s-781
| Rasa kangen nek sedina wae ora krungu swarane . |
s-782
| Lintang, kancaku wiwit lulus SMA nganti saiki, bareng kuliyah neng universitas sing padha. |
s-783
| Namung beda angkatan lan jurusan. |
s-784
| Ah, Lintang, polahmu isih kaya biyen, ceplas-ceplos, renyah kaya karak gorengane ibu. |
s-785
| Aku mung isa mesem nyawang dheweke. |
s-786
| Adhik tingkatku iki pancen suwe-suwe gawe gemes atiku . |
s-787
| Wes sida ketemu, Pak Ari ta, Mas? |
s-788
| Piye hasil revisine ? |
s-789
| Wah nek Mas Janto mesthi ora nganggo revisi maneh ya, Mas. |
s-790
| 'Wis lancar jaya,” ujare Lintang njejeri lakuku . |
s-791
| Dheweke ngerti wae nek dina iki jadwalku konsultasi karo dhosen killer, Pak Ari. |
s-792
| “Ora kuwalik ta iki. Biyasane aku sing mbok kon mbayari.” |
s-793
| Bocah wadon ayu kuwi melu ngguyu. |
s-794
| Dekik pipine samsaya cetha, nambah manis olehe ngguyu. |
s-795
| Tangane sing kebak buku kandel, banjur diselehne ing meja kantin. |
s-796
| “Serius iki, Mas. Aku genten sing njajakne sampeyan.' |
s-797
| 'Wes ta ndang, arep dhahar apa? Sisan ngunjuke, Mas.” |
s-798
| Nyawang sliramu aku wis ora luwe lan ngelak, Dhik. |
s-799
| Sepisan maneh bathinku celathu, namung isa dak batin, ora isa kewetu. |
s-800
| “Manut sing njajakne wis,” aku manthuk pratandha sarujuk. |
s-801
| Gegojegan karo Lintang, gawe ayem atiku . |
s-802
| Sedhela isa nglalekake revisi skripsi bab papat saka Pak Ari. |
s-803
| Sesuk isih ana wektu. |