s-402
| Dene pribumi digambarake nganggo busana adat Jawa lengen dawa, clana ukuran seprapat lan nganggo blangkon (kanggo wong lanang) lan kebaya (kanggo wong wadon). |
s-403
| Warga pribumi uga dituduhake nggawa gaman arupa pring lincip, panah, lan keris. |
s-404
| Ing gambaran iku uga ana sato kewan kayata kebo, pithik, bebek, lan uga wong tani sing lagi manen pari. |
s-405
| Saliyane nggambarake swasana perang rikala semana, uga ana logo Kraton Kasunanan Solo lan Mangkunegaran. |
s-406
| Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. |
s-407
| Ing babaran Kemis (17/1/2019) menika kapacak bab lagu metal. |
s-408
| Musik rock lan metal kalebu salah sawijining jinis kesenian sing disenengi nom-noman. |
s-409
| Musik kasebut duwe pandemen kang setya lan militan. |
s-410
| Menyang ngendi wae pepanthan kang disenengi pentas, bakal tut wuri kanggo nonton. |
s-411
| Musik jinis rock sarwa banter, musik lan suwarane sing nyanyi. |
s-412
| Kadhangkala cakepane lagu ora cetha awit cawuh karo musike . |
s-413
| Sanadyan mengkana ya tetep akeh sing jejogetan nalika teka ing pentas musik kasebut. |
s-414
| Cakepan tembang rock biyasane nganggo basa Indonesia utawa Inggris. |
s-415
| Nanging beda karo liyane pepanthan musik black metal saka Solo, Makam, gawe lagu-lagu nganggo basa campuran. |
s-416
| Judhule basa Inggris, isine Indonesia lan Jawa. |
s-417
| Ora mung kuwi, isine uga mbabar babagan sing ana gandheng rakete karo ajaran Jawa sing ana ing naskah Jawa kuna. |
s-418
| Sanadyan katon aeng, grup musik iki duwe rong album sing ngandhut bab Jawa. |
s-419
| Priya kang kajibah nabuh drum ing pepanthan utawa grup Makam, Julius, ngandharake grup Makam wis pentas tekan ngendi-ngendi saindhenge Indonesia. |
s-420
| Malahan nganti tekan Malaysia barang. |
s-421
| Sanadyan nganggo basa Jawa kuna lan simbol-simbol Jawa kayata Canthik Rajamala, musike tetep disenengi wong akeh. |
s-422
| Saben Makam pentas mesti akeh wong kang nonton padha jejogedan rakaruan . |
s-423
| Julius ngandharake wiwit ngadeg ing taun 1990-an Makam yawis kerep gawe lagu saka naskah kuna. |
s-424
| Iku minangka pratandha ben beda karo liyane . |
s-425
| Uga sarana nguri-uri kabudayan supayane ora angslup katrajang jaman. |
s-426
| Ing taun 2012, Makam tau kolaborasi utawa tembayatan kalawan grup gamelan Etnomusikologi ISI Solo nalika pentas ing pambukaning Rock in Solo (RIS). |
s-427
| Naskah sing didadekake dhasar lagu iku ora sabaene. |
s-428
| Apa meneh penyanyine iku abdi dalem keraton. |
s-429
| 'Dadine ya ngerti babagan naskah Jawa,” kandhane Julius. |
s-430
| Ing pepanthan musik liyane , gitaris grup musik Bandoso, Agung, uga duwe angkah gawe lagu adhedhasar naskah Jawa. |
s-431
| Kekarepan iku timbul sakbubare dheweke kerep melu kajian naskah kuna ing Radyapustaka. |
s-432
| Piwulang sing ana ing naskah iku bisa ditrepake ing ngendi wae. |
s-433
| Saben taun Pemkot Solo mengeti ambal warsane tanggal 16 Juni. |
s-434
| Ana sujarahe kenapa tanggal 16 Juni didadekake ambal warsane Pemkot Solo. |
s-435
| Warga masarakat Solo nonton pentas beksan ing Bale Kota Solo, sawetara wektu kapungkur. |
s-436
| Pemerintah Kota (Pemkot) Solo mangayu bagya ambal warsane kaping-76, Kemis (16/6/2022) kepungkur. |
s-437
| Pangarsa Solo Societeit, pepanthan sutresna sujarah Solo, Dani Saptoni, mratelakake tanggal 16 Juni 1946 mbarengi karo nalika Daerah Istimewa Surakarta (DIS) ora ana pepesthene . |
s-438
| Nalika kuwi, Solo dicekel Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat (Keraton Solo) sarta Pura Mangkunegaran. |
s-439
| Satemene pamikiran kanggo kuwi dudu 16 Juni. |
s-440
| 'Rikala semana Menteri Dalam Negeri ing Jogja, Mr. Sudarsono, tanggal 27 Mei 1946 ngangkat Gubernur Suryo dadi Wakil Pemerintah Daerah ing Surakarta,” pratelane nalika diwawancarai Solopos.com, Rebo (15/6/2022). |
s-441
| Miturut Dani, jaman semana pamarentah ora gage-gage mesthekake statuse DIS nanging malah ndadekake dhaerah Karesidenan Surakarta. |
s-442
| Dhasare , wektu kuwi nggatekake abot entenge kahanan Kutha Solo sing lagi ora aman, sejene kahanan pulitike lagi semrawut. |
s-443
| Pamarentah banjur netepake Karesidenan Surakarta sacara resmi tanggal 15 Juli 1946. |
s-444
| Nanging, Dani mbacutake, kahanan Solo uga ngrembaka maneh. |
s-445
| Solo sansaya nggegirisi, akeh wong sing ujug-ujug ilang ora konangan. |
s-446
| Kahanan kaya mangkono kuwi marai ati trataban. |
s-447
| Kahanane sarwa ora nentremake ati lan pikir. |
s-448
| Sabanjure [pamarentah] ngangkat Kolonel Gatot Subroto dadi Gubernur Militer 1948. |
s-449
| 'Kutha Solo klebu jroning dhaerah militer,” ujare . |
s-450
| Sesambungane karo alesan kenapa sing dipilih minangka tanggal pengetan ambal warsane Pemkot Solo yaiku tanggal 16 Juni lan dudu 15 Juli, Dani njlentrehake bisa wae jalaran njupuk momentum nalika pamarentah pusat sacara resmi ora ndang ndadekake status DIS dadi karesidenan. |
s-451
| Dani nyebut Mr. Iskaq Tjokrohadisoerjo diangkat dadi kepala dhaerah kapisan kang mimpin Solo nalika wujude residen. |
s-452
| Mr. Iskaq mimpin Solo sasuwene 15 Juli-14 November 1946. |
s-453
| Sabanjure Solo klebu jroning dhaerah militer kanthi Gubernur Militer Kolonel Gatot Subroto 1948. |
s-454
| Dene saka sumber resmi DPRD Solo, disebutake ana rong pehak kang nduweni kuwasa saengga ndadekake Kutha Solo madeg sajroning rong administrasi, yaiku Keraton Solo lan Pura Mangkunegaran. |
s-455
| Daya kuwasa pulitike sakloron banjur dicopot sawuse nagara Republik Indonesia diresmekake tanggal 17 Agustus 1945. |
s-456
| Sasuwene 10 sasi, Solo duwe status minangka dhaerah setingkat provinsi, kang diarani Daerah Istimewa Surakarta (DIS). |
s-457
| Sabanjure ngrembaka saperangan laku antiswapraja ing Kutha Solo kang dibarengi kahanan kang sarwa nggegirisi, ngganggu katentreman, wong-wong ngerti-ngerti ilang, lan matine pejabat-pejabat DIS. |
s-458
| Pamarentah Indonesia banjur nyimpen status DIS wiwit tanggal 16 Juni 1946. |
s-459
| Tanggal iki sabanjure dipengeti minangka ambal warsane Pemkot Solo. |
s-460
| Sacara de facto tanggal 16 Juni 1946 resmi ana Pemerintah Daerah Kota Surakarta kang duwe kuwasa kanggo ngatur lan ngurusi rumah tanggane dhewe. |
s-461
| Kasunyatan iku uga negesi manawa kuwasane Keraton Solo lan Pura Mangkunegaran banjur ora ana. |
s-462
| Dene sacara yuridis, Kutha Solo diresmekake kanthi adhedhasar Penetapan Pemerintah taun 1946 Nomor 16/SD, kang digiyarake tanggal 15 Juli. |
s-463
| Ana saperangan kampung ing Kutha Solo sing dijenengi miturut jinis panggaweyane wargane . |
s-464
| Tetenger jeneng kampung ing njero gang Kampung Kauman, Solo, Selasa (7/6/2022). |
s-465
| Adhedhasar saka cathetan lan katrangan saka Kantor Kelurahan Kauman, kampung sing ana ing kono dijenengi miturut jinis panggaweyane wargane , yaiku Kampung Gerjen, Blodiran, Kentiran, Baladan, lan Gebangsan. |
s-466
| Memper wargaku akeh sing gaweyane padha lan nglumpuk dadi siji ing kampung. |
s-467
| 'Mula dienggo tenger dadi jeneng kampung supaya gampang sing ngeling-eling utawa nggoleki,” ujare Nursalim, Selasa (7/6/2022). |
s-468
| Kang kapisan yaiku Kampung Gerjen, kampung iki manggon ing Jl. Cakra sisi barat, penere ing RT 002/ RW 006. |
s-469
| Ana Kampung Gerjen, biyasane wong-wong ngaranine Nggerjen. |
s-470
| 'Dijenengi Gerjen amarga akeh warga kono sing padinane dadi gerji utawa tukang jahit,” ujare . |
s-471
| Sabanjure ana Kampung Kentiran. |
s-472
| Kampung kuwi mapane ana ing RT 004/ RW 006, penere ing sisih wetane Kampung Blodiran. |
s-473
| Ing kampung kuwi, wargane padha gawe samir. |
s-474
| Samir iku wujude kaya lendhang nanging ukurane cilik lan carane nganggo dikalungke ing gulu. |
s-475
| 'Biyasane diagem para abdi dalem nalika ing Keraton [Solo],” piterange . |
s-476
| Dene kampung liyane yaiku Kampung Baladan. |
s-477
| Miturut Nursalim, warga kampung kono panggaweyane dadi juru mangsak maneka warna jinis panganan. |
s-478
| Kampung Baladan penere ing RT 003/ RW 004, ing sisih kulone sekolahan Mambaul Ulum. |
s-479
| Kampung iki dadi papan panggonane tukang gawe kuluk utawa topi manten lanang adat Jawa. |
s-480
| Kampung iki penere mapan ing sisih kulone Blodiran, RT 003/ RW 006,” ujare Nursalim. |
s-481
| “Mak, sesuk Ika pengin tumbas buku.” |
s-482
| Tari sing leyeh-leyeh karo nunggu anake sinau makjegageg kaget. |
s-483
| Sakbanjure swara anake wis ora patiya dirungokake. |
s-484
| Tari bingung amehe mangsuli, kelingan mau sore simboke kepingin ngontrol darah tinggine wae isih disemayani. |
s-485
| Durung maneh babagan arisan, pajek listrik, sumbangan nggone Yu Tumi Setu sesuk. |
s-486
| Kabeh kaya teka bareng-bareng, lan Tari bingung carane nggolek dhuwit. |
s-487
| Sasi iki wae jahitan sepi, mesine nganggur. |
s-488
| Tandur sing suwe ditinggalke saiki dilakoni maneh, mung mburu cukup, supaya bisa ngelongi sakabehe . |
s-489
| Esuk isih uthuk-uthuk, nanging swara kreket-kreket pit digenjot wis mecah lan nrejang adhem sing isih ngemuli desa. |
s-490
| Tekan prapatan desa, pit kuwi banjur mandeg. |
s-491
| Wis ana kancane sing uga nggawa pit lan mandheg ana papan kuwi. |
s-492
| Sakloron wanodya iku isih ngadeg sakdhuwure pit, nyawang arah ngidul sajak ana sing ditunggu. |
s-493
| Dumadakan saka arah kidul pit telu nyedhak lan sakbanjure mandheg. |
s-494
| “Nunggu sapa maneh, Ndhuk?” |
s-495
| “Mboten wonten, sampun cekap punika”. |
s-496
| Dalan isih sepi, mung wong sing mulih saka mejid lan bakul pitik nggawa bronjong nakoni pendhak wong liwat. |
s-497
| Pit onthel cacah lima kuwi tetep digenjot arah mangetan, ninggalke Desa Pandeyan. |
s-498
| Ngliwati barongan sing isih radha peteng, nlusupi dalan cilik sakpinggire kalen, gemreneng kanggo ngilangi hawa adhem. |
s-499
| Sawah-sawah sing wis semilak warna blachu sajak wis kangen karo sikil uga rumatane rombongan kuwi. |
s-500
| “Yu Karni ora melu ta, Ndhuk?” |
s-501
| “Lha, Mbakyu Tuminah napa mboten pirsa, menawi Yu Karni masuk angin wau ndalu.” |