s-303
| Lurah Kauman, Nursalim, mratelakake, wargane akeh kang makarya gawe bathik. |
s-304
| Saliyane iku, saperangan wargane uga ana sing dodolan panganan. |
s-305
| Nursalim banjur njlentrehake tegese jeneng kampung-kampung ing Kauman miturut panggaweyane wargane . |
s-306
| Saliyane iku, ana Kampung Blodiran utawa kerep diwaca Mblodiran. |
s-307
| Miturut Nursalim, ing kampung iku tau ana sing manggon yaiku sawijining abdi dalem kang panggaweyane dadi tukang bordir. |
s-308
| Kampung Blodiran penere mapan ing sisih kidul Kampung Gerjen, RT 002/ RW 006. |
s-309
| Jarene Nursalim, warga kono akeh sing gawe samir utawa lendhang cilik kang lumrahe dienggo abdi dalem Keraton. |
s-310
| Warga kono akeh-akehe pakaryane gawe topi manten lanang Jawa utawa kuluk. |
s-311
| Ing njeron gang laladan Kampung Batik Kauman ana saperangan plang werna putih kang dipasang ing cagak werna ijo tuwa. |
s-312
| Plang kuwi ana tulisane jeneng-jeneng kampung iku mau, malah ana tambahane aksara Jawa lan ukiran-ukiran sapinggire plang. |
s-313
| Solo kasebut minangka kutha kang nduweni daya pangaribawa ing bababagan tembang Jawa. |
s-314
| Salah sawijining pangripta lagu Jawa sing kawentar yaiku Didi Kempot. |
s-315
| Nganti tekan dina iki, wus ora kapetung cacahe tembange Didi Kempot kang kawentar tekan ngendi-endi. |
s-316
| Semana uga musik liyane kayata gamelan Jawa kang diripta Suwargi Rahayu Supanggah. |
s-317
| Saking tresnane marang gamelan, Rahayu Supanggah ngusulake gamelan minangka Warisan Budaya Tak Benda (WBTB). |
s-318
| Gamelan minangka WBTB banjur ditetepake dening United Nations Educational, Scientific, and Cultural Organization (Unesco) ing Paris, Prancis, Rebo (15/12/2021). |
s-319
| Dheweke kandha tembang dhaerah saiki sansaya diugemi. |
s-320
| Tuladhane ya tembang basa Jawa sing diripta dening penyanyi saka Ngawi, Denny Cak Nan, banjur Ndarboy Genk saka Yogyakarta. |
s-321
| Tari reyog Ponorogo lagi dadi kembang lambene wong akeh. |
s-322
| Sepisan maneh Malaysia arep ngaku-aku kesenian reyog Ponorogo minangka asil budayane dhewe marang United Nations Educational Scientific and Cultural Organization (Unesco). |
s-323
| Mula ora maido, kahanan iku gawe muntabing masarakat, utamane para pandhemen lan seniman reyog. |
s-324
| Kepara Bupati Ponorogo, Sugiri Sancoko gela marang putusan pamarentah pusat kang ora ngusulake reyog menyang Unesco. |
s-325
| Sadurunge dadi kesenian kang kondhang kaya saiki, ana saperangan crita kang ngrembaka bab sujarah reyog. |
s-326
| Nanging salah sijine crita kang kondhang yaiku Ki Ageng Kutu mbalela. |
s-327
| Ki Ageng Kutu yaiku abdi dalem kraton nalika dipimpin Bhre Kertabhumi, Ratu Majapahit pungkasan ing abad kaping-15. |
s-328
| Ki Ageng Kutu krasa manawa Majapahit wus nyedhaki umure . |
s-329
| Ki Ageng Kutu banjur milih ninggalake ratune lan ngedhegake padhepokan seni bela diri. |
s-330
| Ing pagelaran reyog iku paragane nggunakake topeng awujud sirah singa barong kang dadi simbole Kertabhumi. |
s-331
| Idulfitri utawa Lebaran taun iki pancen mirunggan tumrape warga Dhusun Selamarta. |
s-332
| Akeh penyebabe sing njalari mirunggan. |
s-333
| Kapindho, acara halalbihalal dibarengake karo acara reuni warga Selamarta. |
s-334
| Cekake kabeh warga nyepakake dhaharan, nyamikan, lan unjukan kanthi lega lila. |
s-335
| Sakabehane gratis, ora ana sing dibayar. |
s-336
| Umpamane , nyamikan digawe warga kanthi bahan dhasar asil tetanen. |
s-337
| Kanggo dhahar siang dicawisake sega bancakan dibuntel godhong jati. |
s-338
| Saben meja diwenehi kendhi siji lan cangkir enem. |
s-339
| Sapa wae sing nyawang mesthi bungah. |
s-340
| Ing emperan digawe panggung, sisih mburi dipasangi kaya dene spanduk saka plastik. |
s-341
| Para warga padha lungguh tumata rapi ing latare Pak RW sing wis dipasangi tratag. |
s-342
| Ing ngisor tratag iku ditata meja lan kursi. |
s-343
| Saben meja diubengi enem kursi. |
s-344
| Kabeh kursi dileti siji lan sijine . |
s-345
| Kabeh tamu undangan jumeneng karo ngidung lagu Indonesia Raya. |
s-346
| Rampung lagu Indonesia Raya, acara dibacutake sambutan ketua panitya. |
s-347
| Bu Guru minangka ketua panitya ngaturake panuwun marang tamu kabeh. |
s-348
| Para warga perantau padha nggumun mirengake ature Bu Guru. |
s-349
| Kabeh iku nggambarake yen pidhatone Pak RT ditampa kanthi bungah. |
s-350
| Kabeh wong bungah, ora ana sing susah. |
s-351
| Grup campursari nyuguhake tembang nostalgia, tembang kenangan. |
s-352
| Reuni Nyawiji Idulfitri dipungkasi kanthi nembang bebarengan tembang Kemesraan. |
s-353
| Puput tembang iku, warga banjur salam-salaman karo ngucap, nyuwun pangapunten lair bathin. |
s-354
| Lan warga uga ndedonga muga-muga taun ngarep bisa ketemu Idulfitri maneh. |
s-355
| Saka kalen iki warga tani nggantungake panguripane . |
s-356
| Kalen siji-sijine kang mujur ngulon ngliwati tapel wates desa tembus tekan kali gedhe. |
s-357
| Sawah-sawah dadi ora kesuwen kasatan. |
s-358
| Jamal lan kanca-kancane bisa luwih cepet nggarap sawahe . |
s-359
| Bocah enom sing gelem kaya Jamal ora akeh, kepara malah ora ana. |
s-360
| Banyu abang sing mlebu sawahe lan kabeh sawah ing desane gawe kasile panen kurang maremake. |
s-361
| Sawetara menit sawise, banyu abang kang dipyuri bubuk putih kuwi malih bening kaya lumrahe banyu sadurunge. |
s-362
| Miturut Maskuri, tradhisi Sadrananan wus ana kawit taun 1450. |
s-363
| Tradhisi iku diusumke dening salah sijining muride Sunan Kalijaga saka Demak, yaiku Syeh Ibrahim, nalika dakwah menyang Sukabumi. |
s-364
| Ing Desa Kaliwungu, Kabupaten Semarang, uga ginelar adicara tradhisi nyadran ing pasareyan Sidorejo, Dusun Kalikendang. |
s-365
| Tradhisi iku wus dilakoni warga kawit jaman mbiyen lan isih dileluri nganti saiki. |
s-366
| Tradhisi nyadran ing Kaliwungu, para wargane padha nggawa tumpeng, ingkung, lan sakubarampene. |
s-367
| Nyadran uga dadi sarana resik-resik pasareyan amarga ing dina umume warga arang-arang nyekar ing pasareyan. |
s-368
| Adicara nyadran iku diwiwiti kanthi resik-resik sakjroning pasareyan lan sakiwa tengene . |
s-369
| Uga diterusake nyekar ing kuburane leluhure dhewe-dhewe. |
s-370
| Sabanjure maca donga sing dipimpin dening sesepuh dhaerah kono. |
s-371
| Pungkasaning adicara yaiku kembul bujana bebarengan sing bisa nambah gayenge swasana. |
s-372
| Freddy nyebut tembang dolanan iku uga dadi perangane karya sastra. |
s-373
| Nalika semana, Sunan Giri nggiyarake agama Islam ing Indonesia, utamane Pulo Jawa kanthi cara liwat seni kabudayaan. |
s-374
| Tembang dolanan Cublak-cublak Suweng iku kabeh nganggo basa Jawa. |
s-375
| Mbak Kanthi kang lagi maca buku ing jero kamar, krungu bengokane bocah-bocah. |
s-376
| Gambar relief ing gang utama RT 007 /RW 010 Kampung Hepi Joho, Manahan, Banjarsari, Solo, kang nyritakake sujarah abad XVIII nganti jaman kamardikan, Rabu (1/6/2022). |
s-377
| Relief utawa gambar kang nemplek ing tembok omahe warga ana tulisane “Tanah Jawa Abad XVIII.” |
s-378
| Relief kuwi ana ing sadawaning gang nuju Kampung Hepi Joho lan nyritakake rikala jaman penjajahan Walanda nganti dumadine Kutha Solo. |
s-379
| Relief sujarah iku penere ana ing njero gang nuju Kampung Hepi Joho RT 007/ RW 010 Kelurahan Manahan, Banjarsari, Solo. |
s-380
| Ketua RT 007, Yunus Ariseno, 50, mratelakake relief kang digambarake awujud kumpulaning manungsa lan sato kewan iku nyritakake sujarah adeging Kutha Solo. |
s-381
| Gambaran iku, ujare Yunus, dicritakake kanthi ringkes supaya dadi sarana piwulang kanggo bocah-bocah, warga, lan sapa wae kang dolan mrono. |
s-382
| Relief kang dawane 15 meter lan nyritakake sujarah Kutha Solo iku digambar dening salah sijining warga Kampung Hepi Joho, Maryanto. |
s-383
| Critane ya jaman pindhahan saka penjajahan nganti tekan adeging Kutha Solo. |
s-384
| 'Dicritakake kanthi cekak aos, ya udakara dawane 15 meter,” ujare Maryanto nalika ditemoni Solopos.com, Rebo (1/6/2022). |
s-385
| Relief iku nggambarake perang-perang nalika Geger Pecinan, sodagar bathik, wong tani nganti dumadine Kutha Solo tekan saiki. |
s-386
| Yunus mratelakake relief utawa mural kang ana sesambungane karo sujarah iku saliyane kanggo sarana memulang uga dadi pangeling-eling semangate para pahlawan nalika merjuwangake kamardikane Indonesia. |
s-387
| “Dadi nalika kita nyawang relief iku, pangajabe semangate awake dhewe kanggo njaga kampung iki ajeg ana, kanthi ngleluri, gotong royong, guyub rukun,” ujare . |
s-388
| Sanajan awake dhewe ora urip ing abad kaping-18, surasane tetep bisa ngrasakake swasana perang rikala semana. |
s-389
| 'Kabeh kuwi ditata liwat relief kang edi peni lan ngandhut piwulang rasa kang gampang ditampa dening wong-wong sing padha ngematake,” tambahe . |
s-390
| Salah siji warga, Lusi, 17, rumangsa melu mongkog bisa dadi warga Kampung Joho. |
s-391
| Mongkoging ati iku amarga ana karya seni sing miturut panemune ora bisa ditemokake ing dhaerah seje. |
s-392
| Aku rumangsa kabegjan amarga bisa melu ngematake karya-karya kang nggambarake sujarah. |
s-393
| Karyane apik, bisa kanggo bahan crita nalika ana kanca dolan mrene. |
s-394
| 'Bisa dakpameri ,” ujare Lusi. |
s-395
| Warga liyane , Maryani, 40, ngajab supaya kawula mudha ora nganti lali sujarahe dhewe. |
s-396
| Muga-muga liwat sarana gambar iku, bocah-bocah nom saiki gelem sinau maneh, mligine sujarah ing Kutha Solo. |
s-397
| Pangajabku kaya mangkono iku. |
s-398
| Nalika bocah-bocah nyawang relief iku, kabeh dadi mudeng, oh ndhisik kuwi jebul swasana perang nglawan penjajah kaya mangkono kuwi. |
s-399
| 'Apamaneh bocah-bocah senenge sinau kanthi sarana gambar, padha bisa ngangen-angen ana sato kewan, wong tani, lan perang ing abad kaping-18,” ujare Maryani. |
s-400
| Saka panyawange Solopos.com, relief iku nggambarake saperangan warga pribumi kang nglawan penjajah. |
s-401
| Penjajah jroning gambaran iku nyandhang kostum prejurit nganggo topi. |
s-402
| Dene pribumi digambarake nganggo busana adat Jawa lengen dawa, clana ukuran seprapat lan nganggo blangkon (kanggo wong lanang) lan kebaya (kanggo wong wadon). |